Geguritan - Biyung

BIYUNG
Dening : Budiono Dayak

Tan bisa kinira dawaning dalan uripku
Tan bisa kaetung luh kan tumetes saka netramu
Ing saben dina kang lumaku

Biyung….
Donga kang rinengga saben tengah wengi
Endah… kadya abyoring lintang
Kok sebut jenengku ing saben ukara pujimu
Kadya angin pesisir sumilir ing tyasku

Biyung…
Sastra atur pangabekti tan bisa
Weh lelintu mring asih
Kang wis kaukir saka jiwa ragaku

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Perintah Dasar Super User pada Linux Debian 8

Sistem Digital dan Sistem Analog